Putraningsun Sastra (Sastra Anakku)

Sebuah kidung macapat Pocung...
oleh Ahmad Pujianto
SMA N 1 Muntilan
UIN Sunan Kalijaga Yogyakarta


Gusti Alloh, maberkah gua garbaku
Putraningsun sastra
Gesanging anaung bumi
Arupa margi dados sejatos jalma

Wus kacarita saka babat kadulu
Sastra bubar basa
Medara sajroning ati
Basa kang endah, mratelakaken rasa
Amargi urip iku tan grusa-grusu
Santunipun lisan
Kang aran paramengkawi
Ndang maju siro kanthi kawicaksanan

Aduh biyung aku bingung iyung-iyung
Generasi muda
Dados buntutipun iblis
Anggluyur jempara-jemparing angkara

Generasi muda ayo ngangsu ngilmu
Sregep nyang sekolah
Aja mung preduli biji
Sangu sastra anyengkuyung Nuswantara

Kanti serating macapat iki pucung
Pangajak prakanca
Lelana ngancik lelangit
Alaming ngawang pinuju Gusti Alloh
                                                               


Muntilan, 31 Juli 2011

Posting Komentar

0 Komentar