Kidung Rasa Seseging Ati



Kahanan

Eee, urip, kere luwe. 
Weteng ngelih, dielus-elus. 
Wingi wis rekasa mangan,
siki kudu mangan meneh?
kahanane gek larang pangan
luru sego sakupo ning dalan-dalan (ora nemu)

jamane kakean polah
wong jowo lali polah
nalika anakku nangis njaluk jajan,
isohku ngampet nahan nesu
ora ana beras, sementara masak watu
wong sugih sekolah ing kelas, sempit, goblok
wong kere golek ngelmu ing kauripan
wong kere ora sakit, amarga ora duwe biayane
wong kere ora tau dirungokake, amarga ora ono duite
(urip sedela, kaya impen)
ninng ora aku dhewe sing ngrasakke
duwe cangkem bisane miingkem,
lambe dower ora olahraga
tanganku gemeter kaya musik roc
awak adem gembreges
Titenana, wong kaliren, bisa ndadi!

Yogyakarta, 12 April 2015

Tetanggan

Dek mbiyen jamanku cilik,
 tangga teparo padha guyup rukun
esuk nganti awan padha sambatan,
wayah sore padha jagongan
aruh-aruhan lan gepyok uyah
seneng banget ijol-ijoan janganan, rasan-rerasanan
sing rung duwe sayur, bisa njaluking pekarangan tangga
sithik-edhing, simbbok andum pangann iing bathok
sego dibumboni wis cukup, enak tenan
mangan oa mangan, penting ngumpul
ning iku crita jaman mbiyen
saiki wis teka jaman "masing-masing"
wonng padha sibuk, mbbrukut, mecucu, golek butuhe dhewe-dhewe
sing duwe pagan dibuang-buang
sing ora duwe, jan kosong tenan
simbok-simbok padha ngrintih, Bapak nggrundel ati
rasa nangis, ra metu uluhe
awak nggreges, ora dirasakke
susah sengsara, raono sig ngerti
dakdelok akeh rai-rai kesusahan,
ning ora sadar yen lagi susah
sebabe pontang-panting dhewe
ora preduli susahe tanggane

Yogyakarta, 12 April 2015

Bandha

Bandha mbedudak!!!
wong saiki padha ngegung-gungke sugihe
nek ora sugih, ora urip!
Banjur padha nggremet sekabehe daya-supe disa
jempara-jemparing... sembarangan!
sikut jejak tendangen sainganmu
lalekna dulur-dulurmu
pikiren strategi kelicikan
sebarna isu-isu sing ora nyenengke!
kaya mengkono carane menang
ora preduli krusakan donya
aja rungakna suarane wisik nurani
Ben rasakna!


Yogyakarta, 12 April 2015




Posting Komentar

0 Komentar